Kode Iklan Otomati Atau Peninjauan Adsense

Motivasi Hidup Selalu Bersyukur Versi Bahasa Jawa

Posnongkrong→Berbagi lagi Motivasi hidup selalu bersyukur dengan apa yang kita dapatkan.Semoga bisa membuat fikiran tenang,bisa menghilangkan rasa iri dan dengki antar sesama teman, kerabat maupun rekan kerja.



Edisi Spesial Bahasa Jawa

Rejeki iku ora iso ditiru,
Senajan podo  lakumu,
Senajan podo dodolanmu,
Senajan podo nyambut gawemu, ....
Hasil sing ditompo bakal bedo2,
Iso bedo neng akehe bondo,
Iso ugo ono neng roso lan ayeming ati,
Yo iku sing jenenge bahagia....

Kabeh iku soko tresnane  Gusti Kang Moho Kuoso.....,
Sopo temen bakal tinemu,
Sopo wani rekoso bakal gayuh mulyo.
Dudu akehe, nanging berkahe kang ndadekake cukup lan nyukupi.....

Wis ginaris neng takdire menungso yen opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso,  Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak koyo angin sing disedhot sabendinane....,
Nanging kadhang menungso sulap moto lan peteng atine, sing adoh soko awake katon padhang cemlorot ngawe-awe,
Nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disio-sio koyo ora duwe guno.

Rejeki iku wis cemepak soko Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungso soko lair tekane pati....,
Nanging yen kanggo nuruti karep menungso sing ora ono watese, rasane kabeh cupet, neng pikiran ruwet, lan atine marahi bundhet.

Welinge wong tuwo, opo sing ono dilakoni lan opo sing durung ono ojo diarep-arep, semelehke atimu, yen wis dadi duwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu, opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo, yo dienteni wae, iku bakal gawe uripmu loro, rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo, kabeh iku bakal sirno balik dadi sakmestine.

Yen umpomo ayem iku mung biso dituku karo akehe bondho endahno rekasane dadi wong sing ora duwe
Untunge ayem iso diduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang GUSTI ALLAH.


Motivasi dan penyemangat sangatlah di butuhkan terutama bagi yang sedang galau pikiranya dalam menghadapi beban hidup di dunia fana ini.
Salam dari Pos

Incoming Search
Tag : Motivasi hidup manusia, Kata Bijak, Penyemangat hidup,Motivasi kerja,Motivator,Penyemangat kerja, Beban kehidupan, Kata Rayuan,Kata indah

Untuk Navigasi Lengkap Silahkan Kunjungi Peta Situs


PASTE KODE IKLANMU DISINI

Baca Juga:

Langganan Via Email

Archive

Categories

Blogger (24) Download (2) Email (3) Google (2) Gratis (4) Hidup (2) Meta Tag (8) Motivasi (2) Panduan (2) Penampakan (2) Rss Feed (1) Search Engine (2) Seo (15) SimCard (5) SitusWeb (2) Template (2) Trik (21)
Electronic money exchangers rating

Comments

loading...
loading...

Selamat Datang

Copyright © | by: Me